Cerkak Basa Jawa

Still Loving You
Dening: Sonia Jasmine 


Wengi iku ing Surabaya, kahanan peteng nganti gawe ati melu murup ditambah udan deres saya nggawe ati iki sepi mampring tanpa Nina, wong wadon sing daktresnani. Wis jangkep seminggu iki, Nina medhot tali katresnan karo aku. Rupane sing ayu ngiasi uripku saben dinane ora bisa ilang saka awang-awangku. Brebes mili rasane yen eling dheweke. Aku ora ngerti dalan pikirane nganti saiki. ”Cekap semanten Mas, aku ora bisa nerusake sesambungan iki” kuwi ukara pungkasan kanggo medhot asmara sing wis mlaku limang taun suwene
Amarga pikiran lagi cupet, nganti aku ora ngerti jam. Sepur sing arep daktumpaki wis mlaku rong jam mau. Sabanjure iku, Aku tuku tiket maneh jurusan Surabaya-yogja, nanging nasibe sing ora beja, dina iku tiket jurusan Surabaya-Yogja enthek lan ana 3 dina maneh. Amarga aku seneng numpak sepur ya aku mutusake mulih 3 dina maneh
Ora kanyana-nyana, daksipat-sipat mripatku mblalak nalika aku nggolek hotel sing cedhak stasiun, wong wadon sing daktresnani lan dakawang-awang terus ana pangangen-angenku saben dinane ngadeg pas ana ngarepku. Ora bisa ngomong apa-apa mung tangis praupanku. Tangisku uga gawe sesengugukan dheweke. Tanpa sewiji tutur, dheweke mlayu sipat kuping ninggal aku lan nalika mlayu dheweke ora weruh ana motor liwat amarga wengi iku peteng banget tur udan deres
Brakk...
Motor nabrak Nina nganti sirahe natap aspal. Aku langsung nulung Nina lan nggawa menyang rumah sakit. Rah bek ana tanganku, gumeter tanganku nalika nggawa menyang rumah sakit, amarga aku, Nina kaya ngene. Dokter sing nangani nglarang aku mlebu UGD, mung bisa ndeleng saka kaca transparan cilik ana lawang, katon Nina dipasangi selang. Yen ngerti kaya ngene kedadeyane, aku pengin ngganti posisi iku ing ruang UGD. Aku ora pengin Nina ngrasa lara.
Wis rong dina iki, Nina durung sadhar. Aku ora bisa apa-apa mung ndonga lan njaga dheweke nganti waras. Sedina maneh aku ya arep bali menyang yogja nanging amarga rasa asih lan tresnaku marang dheweke, aku ora sida mulih nganti 4 minggu dheweke ora sadhar. Aku dadi pasrah, tangisku brebes mili nganti luh tumetes ana cincin sing kaiket endah ana drijine dheweke.
Saka kersane Gusti Kang Akarya Jagad, Nina sadhar wektu iku. Aku cepet-cepet mlayu saka ruangan wedhi yen dheweke weruh.
“Mbak Nina sampun sadhar nggih?”pitakon Dokter marang Nina karo sumringah
Nina isih ngeling-eling kenapa dheweke ana rumah sakit sabanjure kuwi Nina nyelak-nyeluk takon marang Dokter jeneng Mas Robi.
“Oh..Mas Robi ingkang njagi Mbak Nina saben dinten wektu Mbak Nina koma nggih?” kandha Dokter
Nina sing lagi wae sadar, jenggirat ngadeg karo sempoyongan nggolek Mas Robi nanging ora oleh karo Dokter amarga lagi wae sadhar nanging Nina meksa terus. Amarga kuwi, Dokter nggawakake kursi rodha kanggo Nina nemoni Robi sing isih ana ruang administrasi
“Apuranen aku, Mas Robi” kandhane Nina karo nyekel tangane Robi
“Lo Nin, Lagi wae sadhar kok mrene?” takon Robi karo nggantiake posisi Suster ndorong kursi rodha menyang kamar rawate Nina
Sabanjure nganti kamar, Nina nangis malah banter amarga Robi wis nyangklong tas arep bali yogja
“Aja nangis, Aku bubar iki bali yogja kok supaya awakmu seneng”tutur Robi karo ngapus luhe Nina
“Sapa sing seneng yen awakmu bali? Aku ora gelem awakmu bali! Tanggep Nina
Robi ora nanggepi langsung metu, nanging lagi wae mlaku rong langkah saka dheweke, Piranti apa wae sing ana meja dibuwaki karo dheweke. Aku dadi bingung kepriye karepe dheweke
“Kenapa? Aku wis ora ana sesambungan karo awakmu!” kandha Robi nesu karo sesenggukan nangis
“Kenapa? Amarga awakmu ora weruh Aku!”kandha Nina nangis
“Aku weruh kabeh ngenani awakmu, nanging aku ora weruh dalan pikiranmu nganti awakmu tega karo aku, mbok pungkasi ngono wae” kandha Robi mendhelengi Nina karo nesu
“Lara kuwi sebabe” kandha Nina cekak aos karo ngadeg saka kursi rodhane
“Aku ora nyangka awakmu pinter banget nggawe alesan” kandha Robi ninggal Nina
Brukk...
Aku sing wis arep metu, mbalik weruh Nina semaput. Aku mlayu kandha Dokter. Kurang saka 20 menit, Dokter metu lan kandha yen Nina semaput amarga lagi wae sadhar uga ngidap tumor otak saengga dheweke gampat semaput
“Tumor otak?” kandha Robi
“Inggih Mas, Mbak Nina sampun kalih sasi mriki nggih badhe kontrol, napa mas Robi mboten pirsa ta?” kandha Dokter
Tanpa wales pitakone Dokter, Robi langsung mlebu nemoni Nina
“Kenapa awakmu ora kandha aku?” kandha Robi karo nyekel tangane Nina lan nangis
“Aku ora pengin awakmu weruh” kandha Nina nelangsa
“Awakmu kudu ngerti yen aku seneng awakmu, dadi apa wae kahananmu dakterima” kandha Robi

Kahanan haru, tangis kebak ana ati karone, wiwit dina kasebut, Robi lan Nina nempuh witing katresnan kapindho lan bagya masia rong taun sawise kuwi, Robi mung bisa ndeleng Nina ana kuburan.

Tidak ada komentar

TUNAS MUDA MUTIARA INDONESIA

TUNAS MUDA MUTIARA INDONESIA Oleh : Sonia Jasmine Badjree Jika kegelapan menyelimuti penglihatan Tak mungkin kami bergidik Jika p...